UNIK, Contoh Naskah Khutbah Salat Id Idul Fitri 22 April 2023 dalam Bahasa Jawa Halus
- Penulis : Dimas Anugerah Wicaksono
- Jumat, 21 April 2023 09:18 WIB
![image](https://img.orbitindonesia.com/202312281149461123072540.jpg)
Ngibadah niku sae, poso sae, shalat sae, shodaqoh sae, srawung niku sae, nyekapi kebutuhan, paring kalonggaran, lan perhatian kasih sayang dumateng keluargo niku sae.
Ananging menawi ngantos mandek mak jegrek, mboten dilampahi maleh, mboten diajegi, sedoyo wau dados blas mboten wonten saenipun.
Sakwangsulipun, nekat mboten poso niku awon; nekat mboten shalat, nekat nglarani rencang, nekat mboten ngopeni keluargo, niku babar blas mboten sae.
Tapi menawi kok mandek mak jegrek, kapok mboten mangsuli malih perkawis-perkawis awon puniko, sedoyo dados sae.
Ingkang nekat mboten poso Ramadhan enggal-enggal nyaur utang poso mulai tanggal kalih (2) Syawal.
Ingkang tasih glang-gling shalatipun mulai kerso sinahu mbiasaaken sholat, langkung-langkung mulai nyicil nyaur utang sholat ingkang kadung dipun tilar.
Ingkang wonten perkawis kalih rencang, tetanggi utawi sederek, kerso ngerintis solusi ingkang paling memungkinkan.
Baca Juga: Ada yang Salat Id Idul Fitri Baru Tanggal 22 April 2023 Besok, Begini Kata Muhammadiyah yang Bikin Adem