DECEMBER 9, 2022
Orbit Indonesia

UNIK, Contoh Naskah Khutbah Salat Id Idul Fitri 22 April 2023 dalam Bahasa Jawa Halus

image
Ilustrasi, contoh naskah khutbah salat Id Idul Fitri dalam bahasa Jawa.

Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi kesaenan, sakyektosipun bade enggal sirno.

Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi ngibadah, bade dumugeaken kesusahan. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi amal sholeh, bade dados kesusahan ingkang langgeng.

Na'udzubillahi, naudzubillahi min dzalik.

Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo, Sinaoso amal sholeh punika sae, tapi kedah dipun ukur lan wonten istirahatipun.

Baca Juga: Sinema Spesial Liburan: Riddick Ketika Vin Diesel Jadi Buronan Treasure Hunter Dua Kubu di Luar Angkasa

Islam ngajaraken poso, tarawih, lan darusan sak wulan nutuk; ananging Islam ugi ngajaraken istirahat saking poso, sholat, lan darusan.

Malah Islam ngaromaken poso wonten dinten riyoyo Idul Fitri puniko.

Sepindah wekdal, Sayyidina Abu Bakar wonten dinten riyoyo nuweni putrinipun, injih puniko Sayyidah Aisyah, garwo Kanjeng Agung Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam.

Baca Juga: Satrio Arismunandar: Dalam Ibadah Keseharian, Umat Islam Indonesia Lebih Banyak Mengikuti Ketentuan Hisab

Abu Bakar tratapan sanget, kranten wonten ngajeng Aisyah, wonten saklebetipun griyo Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam, wonten lare estri kalih nyanyeaken lagon-lagon.

Halaman:

Berita Terkait